Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Teks pidato bahasa Jawa tentang amarah

 Santri ngolah pikir_ pidato secara umum bisa di artikan berbicara di hadapan orang banyak. Pidato dapat di bedakan menjadi berbagai tema,seperti pidato agama,pidato politik dan lain sebagainya.

Pada kesempatan kali ini,kami bagikan teks pidato dalam bahasa Jawa tentang  amarah.

Berikut teksnya. Semoga bisa bermanfaat.amiin.

Baca juga:

Assalamualaikum warahmatullahi wa barokatuh.

Alhamdulillah, wanikmatillah, lahaula walaquwwata illah. Amma ba'du.

Teks pidato bahasa Jawa tentang amarah

Sepindahan,Monggo Kito tansah nglahiraken syukur kehadirat Allah SWT,keranten wekdal puniko Kito saget makempal wonten majlis mriki kanthi mboten wonten alangan setunggal punopo-punopo, Monggo Kito ikroraken kanthi ucapan alhamdulilahi robbil alamin.

Sholawat Soho salam Kito haturkan dumateng junjungan Kito, nabi Muhammad Saw. 

Dumateng poro bapak ibu ingkang Kawulo hormati!

Wonten kesempatan ingkang sae puniko Kawulo bade ngaturaken sekedik tentang amarah utawi jengkel/bendu.

Bapak ibu ingkang Kawulo hormati !

Perjalanan gesang wonten ndunyo puniko,terkadang manungso angsal kenikmatan ingkang ndadoseken manungso puniko ngraos seneng utawi bingah. Namun terkadang manungso angsal perkawis ingkang mboten nyenengaken. Manungso gadai coro piyambak piyambak ing dalem menyikapi perkawis ingkang mboten nyenengaken. Wonten ingkang menyikapi kanthi sabar, menyelesaikan masalah kanthi alon-alon,wonten ingkang seketika terpancing emosi,hinggo langsung meluapkan emosinipun.

Bapak ibu ingkang Kawulo hormati !

Wonten sebuah hadist ingkang di pun riwayataken saking abu Hurairah,dipun ngendikaaken: Bilih wonten tiyang jaler ingkang matur dateng kanjeng nabi nyuwun dipun paringi nasihat, mongko nabi Muhammad Saw menasehati tiyang puniko kanti dawuhipun " laa taghdob" ingkang artosipun Ojo jengkel.

Sebagian ulama' njelasaken,Bilih kemuliyaan seseorang akan tetap terjaga,menawi tiyang puniko saget ngontrol amarahipun.

Wonten hadist ingkang dipun riwayataken saking Ibnu bathal dipun dawuhaken bilih ngontrol emosi amarah puniko luwih abot tenimbang ngontrol musuh.

Bapak ibu ingkang Kawulo hormati !

Nafsu amarah ingkang mboten saget kekontrol,saget nimbulaken efek ingkang mboten wae terhadap jiwa seseorang,saget nimbulaken kedengkian wonten sanubari,saget nyimpen raos dendam terhadap perkawis ingkang mboten nyenengaken. Selain puniko,efek lahiriyah saget terjadi hal-hal ingkang bersifat fatal, kadosdene kekerasan dalam rumah tangga bahkan pembunuhan. Hal puniko saget terjadi keranten mboten saget ngontrol raos amarahipun.

Rosulullah Saw bersabda:

Laisas syadidun shuroah,innamas syadidul ladhi yamliku nafsahu 'indal ghodob.

Ingkang artosipun: 

Tiyang ingkang kuat puniko mboten tiyang ingkang pandai bergulat,namun tiyang ingkang kuat puniko tiyang ingkang saget mengontrol awake naliko jengkel(HR. Bukhori).

Wonten hadist sanes dipun ngendikaaken:

Inna khoiror rijali man kana bathi-al ghodobi sariar ridho,wa syarrir rijali man kana sarial ghodobi bati-ar ridho.

Ingkang artosipun:

Sak temene sak apik apike wong yoiku sing lambat amarahipun lan cepet rihone, lan sak olo olone wong yoiku kang cepet jengkele lan lambat ridone(H.R Ahmad).

Bapak ibu ingkang Kawulo hormati !

Wonten Al Qur'an dipun ngendikaaken:

Alladhi yunfikuna fis sarroo-i wad dhorro-i wal kadhimiinal ghoidho wal 'aafiina 'aninnaasi. Wallahu yuhibbul muhsiniina.

Ingkang artosipun:

Ciri-ciri tiyang ingkang takwo inggih puniko: wong kang gelem nafakohake bondone baik waktu lapang utowo sempit,lan tiynag ingkang nahan amarah lan ngapuro kesalahane manungso. Allah SWT demen Maring wong kang nglampai kesaenan.

Bapak ibu ingkang Kawulo hormati !

Akhiripun Monggo, Kito nyuwun dumateng Allah SWT,mugiyo Kito dipun golongaken tiyang ingkang saget mengontrol nafsu amarah sehinggo pungkasan gesang Kito sedoyo khusnu khotimah.amiin.

Sementen ingkang saget Kawulo aturaken,sedoyo kekhilafan kawulo nyuwun agunging pangapunten.

Kawulo akhiri kanthi ucapan wassalamu'alaikum warahmatullahi wa barokatuh.


Post a Comment for "Teks pidato bahasa Jawa tentang amarah"