Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

TEKS PIDATO BAHASA JAWA TENTANG TAKABUR

 اسلا م عليكم ورحمة الله وبركاته

 Dengan menyebut nama Allah yang maha pengasih lagi maha penyayang.

    Kewontenan gesang manungso ing alam dunyo puniko ,menawi dipun tingali saking segi kamanungsan,manungso bade tetep di arani manungso,menawi piyambaipun saget njagi badanipun sebagai manungso.Tegesipun,menawi tiyang puniko kepingin gesang ingkang mulyo,kedah njagi badanipun soho manahipun sampun ngantos tumindak ingkang saget nyebabaken pribadinipun asor lan ino menggahipun masyarakat ,luwih-luwih menggahipun Allah swt.

   katah sifat-sifat ingkang saget nyebabaken pribadi manungso puniko dados asor lan ino ,salah setunggalipun inggih puniko raos takabur utawi gumede.

   

   Bapak ibu ingkang tansah kawulo hormati...

   

   Kito kenging gadah griyo ingkang sae,harta benda ingkang melimpah,pangkat ingkang inggil,ilmu ingkang katah,tapi ampun ngantos sedoyo puniko nyebabaken kito dados takabur,lupa daratan lan supe dumateng ALLAH swt.

Nabi kito Muhammad saw.dipun paringi pitedah dening Allah swt.kanti pangandikan:


WALAU KUNTA FADHON GHOLIDHOL QOLBI LAN FADDU MIN KHAULIKA ( Q.S.ALI IMRON 159 )


Ingkang artosipun:Upomo siro Muhammad tumindak olo lan kasar,mesti wong-wong mau bakal ngedoi maring siro.

   Ingkang maksudipun kanti tembung ingkang sanes,he Muhammad yen siro kepingin sukses ing perjuangan ojo pisan-pisan takabur.Wonten ayat sanes dipun sebutaken:

   

   INNALLAHA LAA YUKHIBBU MAN KAANA MUKHTALAN FAGHUURO

   

Ingkang artosipun:sak temene Allah ora seneng maring sekabehe wong wong kang umuk lan mbanggaake awake.

   

   Bapak ibu ingkang kawulo hormati...

   

   Sifat takabur sering nyebabake manungso mboten galebo dateng tiyang sanes,amargi ingkang dipun enget-enget namung kepentingane piyambak.

   Rosulullsh saw.nate ngendiko meketen,

   

   ALKIBRU BATHORUL HAQQI WA GHOMTHUNNAASI.

   

   Ingkang artosipun:Takabur iku biso nyebabake wong dadi nampik kebenaran,lan nyepeleake maring sepodo-podo manungso.

   

   Senajan kados punopo sae nasehatipun tiyang sanes ,jalaran piyambaipun takabur,milo mboten purun mirengaken,sebab rumangsanipun piyambake,pribadinipun ingkang paling sae.ingkang katingal wonten pikiranipun namung cacate tiyang sanes,mboten ngawaruhi cacatipun piyambak.Sedoyo puniko akibat dipun dorong deneng pengaruh sifat takabur utawi gumede kolo wau.Ingkang nyebabaken manahipun mboten saget nampi kebenaran.Jalaran ingkang katingal wonten pikiranipun namung kepingin nyepeleake dateng tiyang sanes.

   

   Bapak ibu ingkang kawulo hormati...

   

   Mboten sak mestine menawi manungso puniko puniko takabur wonten ing dalem sedoyo lelampahan,sebab senajan kados pundi kemawon manungso takabur sak duwure langit,akhiripun toh manungso bade pejah,berkalang tanah,nilaraken sekabehanipun.

   

   Bapak ibu ingkang kawulo hormati...

   

   Akhiripun monggo kito nyuwun dumateng Allah swt.,mugiyo Allah ta'ala paring rahmat dumateng kito sedoyo,niciaken manah kito saking sifat takabur,hinggo manah kito dados bersih,saget nguwohaken amal ingknag sae tur ikhlas lillahita'ala.Gesang ingkang wilujeng wiwit songko ndunyo dumugi akhirot amin.

   

   Cekap sementen atur kawulo,sedoyo kehilapan mugiyo Allah ta'ala paring pengapuro.

   Kawulo akhiri kanti ucapan wassalam mualaikum wr.wb.


BACA  JUGA:  KITAB PETUK/BUKU

                              TEKS PIDATO

1 comment for "TEKS PIDATO BAHASA JAWA TENTANG TAKABUR"